Rabu, 25 April 2018

Khutbah Jum'at Boso Jowo Pemuda Sukses


KHUTBAH JUM’AT
"Pemuda Sukses"
إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا  أَمَّا بَعْدُ
Jamaah jum’at ingkang dipun mulyaake dening Allah
Mangga sesarengan kita ngonjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita inggih nikmat Iman lan Islam dumateng sedaya. Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shalallahu ‘Alaihi Wassalam ingkang sampun paring pitedah margi ingkang terang benderang inggih margi Islam ingkang sampurna. Mangga sesarengan kita ningkataken taqwa kita dumateng Allah SWT, kanthi saestu nindakaken punapa ingkang dados perintahipun, tuwin nebihi sedaya awisan-awisanipun. Namung kanti taqwa punika saged nuwuhaken gesang ingkang ayem tentrem mboten namung ing donya punika dumugi akhiratipun, Amin. 
Wonten kesempatan ingkang bahagia punika kaparenga kula ngaturaken Khutbah Jum’at babagan Pemuda, Pemuda ingkang minongko pewaris bangsa puniko, pemuda ingkang wonten ing masa depan bakal dados penopang peradaban, ujung tombak kemajuan lan penentu kejayaan. Pemuda meniko sosok ingkang saged dipun banggakake dening bongso lan negoro, amergi saking tekatipun pemuda bongso indonesia meniko saged angsal dalan dumugi kamardikan.
Jamaah jum’at ingkang dipun mulyaake dening Allah
Sak temene kemajuan, kesuksesan tiyang gesang meniko mboten saged instan, mboten saged dipun raih kantiwekdal ingkang singkat. Tiyan ingkang nggadahi cita cita, ampun ngantos ngarep arep bakal kecepeng gegayuhanipun namung kanti dalan ngimpi, ngarep arep lan males malesan. Ananging kiyambake kedah ngupoyo supados gegayuhan meniko saged dados kasunyatan. Kedah berusaha, ikhtiar, niti dalan supados kekarepan saged kaleksanan. Sukses meniko butuh ketekunan, ilmu lan pengalaman. Bilih kawit nem sampun memulai usaha, katemtu pengalaman damel njalanake usaha saged langkung dangu lan katah ingkang saged damel bekal damel kesuksesanipun.
Poro pemuda, elingo siro kabeh, bilih sukses meniko mboten kedah sepuh rumiyen, bilih sukses meniko mboten kedah nggadahi modal katah rumiyen, bilih sukses meniko namung gadahanipun tiyang tiyang ingkang sampun cekap yuswanipun. Ananging sukses meniko ngih saged dipun raih, saged dipun cepeng dening poro pemuda. Malah malah, umpami poro pemuda meniko purun memulai usaha, kemungkinan saged sukses meniko langkung ageng. Amergi pemuda nggadahi tenogo ingkang ageng, nggadahi tekad ingkang kuwat, awak taksih ringan, lincah lan pikiran taksih encer. Amergi meniko, poro pemuda kedah saged memulai usaha. Usaha nopo kemawon sing penting halal lan barokah. Saged mulai usaha dagang, ternak, kerajinan, jasa lan sanes sanesipun.
Ampun ngantos nunggu tuwo nembe memulai usaha, ampun ngantos nunggu tenogo kirang nembe ngerintis usaha. Ilangono sifat males, ilangono sifat gengsi damel memulai usaha. Poro pemuda nggadahi wekdal ingkang jembar, ampun ngantos dipun ginaake damel kegiatan ingkang sia sia, nopo maleh dipun telasake damel kegiatan ingkang ngerusak lan berbahaya. Amergi bilih mekaten caranipun manfaatake wekdal ingkang jembar, malahan bakal rugi sekabihane, rugi masa depanipun, rugi tiyang sepahipun, wekdal telas namung gawe ngurusi babakan kang mboten manfaat.
Bilih usaha meniko dipun mulai saking usia muda, insyaAllah mangke wayah tuwanipun bakal saged menikmati hasil usahanipun. Wayah tuwanipun insyaAllah usaha sampun saged mapan, keahlian sampun mumpuni lan usaha sampun saged dipun andelake. Ananging bilih sampun umur nembe memulai usaha, katemtu langkung amrat damel meraih kesuksesan. Amergi meniko, monggo berlomba lomba dalam keaikan, berlomba lomba damel meraih kesuksesan, memajukan usaha lan berlomba lomba damel beribadah.
Jamaah jum’at ingkang dipun mulyaake dening Allah
Damel mendukung usaha meniko, monggo njenengan motivasi lare larenipun supados rajin lan tekun damel memulai usaha. Nggih ampun kesupen ngibadahipun kedah dipun jagi, supados lare tansah emut dumateng Allah. Dipun dongakake supados lare angsal dalan ingkang langsung gampil damel masa depanipun. Poro nem neman kedah dipun semangati, supados saged sregep dumugi wonten ing masjid, supados rajin sholat lan ndonganipun. Bilih sampun saged cedak kaliyan ingkang Moho Kuwaos, insyaAllah mboten wonten babakan ingkang amwrat.
Monggo sareng sareng ningkatake usaha, ikhtiar lan belajar damel nambah ilmu ingkang manfaat, ngibadah ingkang khusyu lan ikhlas, lan monggo sareng sareng nebihi tingkah polah ingkang dipun murkai dening Allah. Keranten dalan ingkang kados mekaten puniko, insyaAllah kesuksesan ingkang dipun idam idamake bakalan gampil kaleksanan.
Mboten dangu maleh mlebet sasi romadhon, sasi ingkang berbarokah, wekdal ingkang mustajab. Monggo poro pemuda kulo aturi damel berlomba lomba beramal shalih, berlomba lomba beribadah, lan berlomba lomba supadoh saged ngonangi malam lailatul Qadar, malam ingkang mustajab, malam ingkang bakal dipun kabulake sedoyo dongo lan kekarepan.  
Jamaah jum’at ingkang dipun mulyaake dening Allah
Mangga sami nenuwun mugi-mugi Allah paring pitunjuk dumateng kita supados saged nindakaken kabecikan kados ingkang sampun dipunatur wonten syariat, mugi-mugi kita tansah enteng nindakaken amal shaleh, saged jaga lisan kita ugi paring nasehat dumateng sesami wonten mergi ingkang lurus, inggih mergi ingkang Allah paring nikmat, mergi para nabi, tiyang-tiyang jujur lan para syuhada sanes mergi tiyang-tiyang ingkang dipunmurkai Allah ugi tiyang-tiyang sesat, Amin.

وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ
وَ قُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَ ارْحَمْ وَ أَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمينَ َ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Welcome to my village

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Blog ini kami dedikasikan untuk perkembangan dan kemajuan desa kami tercinta : DESA SEKARS...